Belati Blog.com

Informasi Mengenai Berita Islami, Teknologi, Kesehatan, dan Info Terkini

Wednesday, November 18, 2015

Pembawa Acara Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9

belati.blogspot.co.id
gambar ilustrasi pembawa acara perpisahan kelas 9

Pembawa Acara Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 - Setiap akhir tahun sekolahan teman-teman tentunya sering mengadakan acara perpisahan kelas 9, banyak sekali dari teman-teman yang ditugaskan sebagai pembawa acara yang menggunakan bahasa jawa, biasanya meminta bantuan bapak atau ibu guru untuk dibuatkan contoh teks pembawa acara bahasa jawa perpisahan kelas 9. Mungkin juga dari teman-teman ada yang meminta bantuan kepada orang tua.

Oleh karena itu, pada kesempatan kali ini saya akan menuliskan contoh teks Pembawa Acara Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 dengan susunan pidato yang sudah saya tuliskan agar sahabat satu bahasa lebih praktis dalam membacakan atau membawakan acara perpisahan kelas 9 nanti.

Baiklah, langsung saja pada poin utama kita dibawah ini tentang contoh teks pembawa acara bahasa jawa perpisahan kelas9.

________________________________

Assalamu 'alaikum wr. wb.

Alhamdulillah-alhamdulillahi rabbil 'alamin, assholatu wassalamu 'ala asrofil ambiyai walmursalin wa'ala alihi washohbihi ajma'in. Amma ba'du

Ingkang kawula hormati Bapak Kepala Sekolah SMP Negeri 1 Ponorogo
Ingkang kawula hormati Bapak lan Ibu guru pendidik serta kanca-kancaku ingkang tak tresnani.

Saderengipun sumangga kita tansah manjataken raos puja dalah puji syukur kita dumateng Allah SWT ingkang sampun paring taufiq saha hidayah ipun, sahingga wonten ing wedal siang punika kula saha panjenengan sami tasih pinaringan kasugengan saha karaharjan saget angrawuhi wontening acara perpisahan kelas 9 SMP Negeri 1 Ponorogo kanti kawontenan wilujeng mboten wonten aral satunggal punapa.

Ingkang kaping kalih ipun, sholawat saha salam mugia tansah kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung nabi akhiruzzaman inggih menika kanjeng nabi Muhammad SAW, ingkang sampun mbeta umatipun saking minaddzulumati ilannur inggih menika saking margi ingkang awon dumateng margi ingkang sae, lan ingkang kita ajeng-ajeng syafaahipun benjang wonten Yaumul Qiyamah. Amin

Salajengipun ten mriki kawula ingkang kajibah nampi ayahan minangka juru wicara utawa pranata hadicara ingkang saperlu badhe ngaturaken susunan acara ing wedal siang punika. 

  1. Ingkang sepindah inggih menika Pambuka
  2. Ingkang kaping  kaleh inggih menika Kumandange ayat suci al-qur'an
  3. Ingkang acara kaping tiga inggih menika sambutan saking ketua OSIS
  4. Minangka acara salajeng ipun inggih menika sambutan perwakilan saking kelas 8
  5. Acara kaping gangsal sambutan perwakilan saking kelas 9
  6. Minangka acara salajeng ipun utawi acara ingkang kaping nenem inggih menika sambutan saking Bapak Kepala sekolah sekaligus mauidlah hasanah ingkang kalajengaken Do'a
  7. Minangka acara ingkang kaping terakhir Panutup
Para hadirin ugi rencang-rencang ingkang kula hormati

Mekaten kala wau menggahing hadicara ing wedal siang menika, lan minangka acara slajengipun inggih menika pambuka, sumangga acara ing wedal siang menika kita bikak sesarengan kanthi waosan umul kitab Al-Fatiha.....

Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan fatiha kala wau saget mbeto lancaring hadicara ing wedal siang menika. lan minangka acara salajengipun kumandange ayat suci al-qur'an
Dumateng panjenenganipun Aris Santoso kawula sumangga aken. Sumangga...
................................
Mekaten kala wau kumandange ayat suci al-qur'an mugio saget nambah iman lan taqwa kita dumateng Allah, ugi saget mbeto lancaring hadi cara ing siang menika. Amin

Lan minangka acara salajengipun inggih menika sambutan saking ketua OSIS SMP Negeri 1 Ponorogo, Dumateng ingkang kajibah kawula sumangga aken. Sumangga..
.................................
Minangka acara salajengipun utawi acara ingkang kaping sekawan inggih menika sambutan perwakilan saking kelas 8.
Dumateng panjenengan ipun  ingkang kajibah kawula sumangga aken. Sumangga
.................................
Minangka acara salajengipun inggih menika sambuatan perwakilan saking kelas 9.
Duamateng panjenenganipun ingkang kajibah kawula sumanggaaken. Sumangga
..................................
Minangka acara ingkang kaping nenem Sambutan saking Bapak Kepala Sekolah sekaligus mauidloh Hasanah ingkang kalajengaken Do'a. Dumateng Panjenenganipun Bapak Imam Hambali,S.Sos kawula sumangga aken, Sumangga....
.................................
Dumateng panjenenganipun Bapak Imam Hambali,S.Sos katuraken matur nuwun.
Minangka acara ingkang kaping terakhir inggih menika Panutup.
Sumangga acara perpisahan kelas 9 SMP Negeri 1 Ponorogo menika kita tutup kanthi waosan Hamdalah.....

Cekap semanten saking kawula, wonten kirang langkung ipun kula nyuwun pangapunten ingkang sakatah-katahipun. Akhir kata..

Wabillahi taufiq wal hidayah, waridlo wal inayah
Wassalamu 'alaikum wr. wb

________________________________


Contoh teks Pembawa Acara Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 diatas tentu masih kurang sempurna, jika teman-teman ingin melengkapinya dengan kata-kata dan pengetahuan teman-teman maka silahkan untuk menambahkannya dengan keinginan teman-teman. Semoga contoh teks Pembawa acara bahasa jawa perpisahan kelas 9 ini dapat bermanfaat bagi kita dan Indonesia. Terimakasih

Pembawa Acara Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 Rating: 4.5 Diposkan Oleh: anandhaputri77@gmail.com

0 comments:

Post a Comment